Kamis, 02 September 2021

SERO SERO URIPE MENUNGSA

 SERO SERO URIPE MENUNGSA


Puisi Karya Kyai Suwung

Kang didin


Selamat menikmati.... semoga terhibur



Sero sero Tresna

Ademme angin mangsa ketiga, de rasakna karo wong wong sedesa. Ora ming sedesa bisa uga se kecamatan se kabupaten. Pokoke seambane dunya sing agi nampa ketiga. Ora usah dipikir nambahi bingung. Ademme krasa banget tumrape nom noman sing esih bujang. Apa randa-randa utawane duda duda. Nek sing duwe bojo ta bisa turu kemul selimut kandel karo ngeloni bojone. Nek sing duwe anak ya karo ngeloni anake.


Sepisan pindo keprungu tangise jibeng. Ya kuwe bayi sing nembe lahir urung duwe jeneng merga urung puout. Puser sing di kethok bidan wingi urung mlebu. Pedhitane esih wutuh. Bisa bae bayi kuwe krasa lara merga puserre urung garing.

Ndilalaeh, bayi aran jibeng sing nembe lahir kuwe urung duwe memori sing ngrekam rasa lara. Dadi kabeh rasane esih kaya ngimpi. Buktine rika pada ora bakal bisa kemutan rasane lara jaman seumuran kuwe.

Kemrosak swarane dapuran pring. Kenang angin. Godong godong sing kenang angin marakna swara kemrosak. Apamaning nek angine gede, carang carange nambahi swara seru. Jangkring walang walang ketehe pada moni. Mbuh nembang, mbuh wiridan, mbuh nangis, mbuh agi ngapa dasare pada ngetokna swara.

Dasare wengi ana wulan padang nang langit. Lintang luku, lintang layangan, lintang kemukus, lintang panjersore, lintang kawakibi, Arundhati, bintarti, sadali, trenggana, samita, cayapata, aswini, sidra utawa lintang liyane. Kabeh nambahi endahe langit.

Nang dalan panjatan, ngisor dapuran pring. Jamur jamur keton mencorong cahyane, jamur dipa, bocah bocah nek ngarani jamur neon, angger bocah sekolah ngarani Bioluminescent Fungi. Jamur sing anane nang panggonan tropis apa jere…

Jangkrik jangkik gedawang, jangkrik jalitheng, clekedhet, gasir pada nywara. Kaya gending karang padesan sing swarane jan kepenak banget de rungokna. Marakna kangen kepingin urip nang desa. Apa maning swara manuk buek sing agi pada metu kan kandange. Nggolet pangan nggo anak turunne, tumrap sing ora sering krungu swarane mandan medeni.

Kadang swara manuk buek mau mbarengi swara lawa lawa kampret mabur nyengkerem woh wohan. Swarane plak-plak-plak. Kadang wong wohane ucul sekang ceker kampret. Tiba nang payon seng. Gedumbrang. Jaaan kepenak derungokna.

Ya kuwe desane inyong. Nang tlatah gunung arah mahameru. Angger mangsan ketiga, wit mahoni rontog godonge. Cengkeh cengkeh pada woh kudu dipanen mene ora dadi blendung. Tampir tampir ditumpuk nang plipiran. Utawane tenda-tenda isi cengkeh setengah garing. Nembe balo, urung diwadahi kandi. Nek sing wis garing diwadahi kandi, dilebokna senthonge ramane. Mene ora di colong maling.

Apamaning nek cengkeh agi payu larang, kudu primpen goleh mbenahi. Nek trima nang mbale, lawing dikunci bisa digasir maling. Apa maning nek dipeme dijtumpuk, dijorna nang pinggir ndalan. Bisa dikukud karo wong butuh.

Nang sethonge ramane wis ana antarane wolungkandi cengkeh garing. Nang pleperan ana puluhan tampir cengkeh balo. Sing nembe di prithil rampung miki sore ana kira-kira rong kandi gedhe, ana karotengah kintal. Jere ramane dipeme bae, mene payune lumayan. Nek didol teles jere mung sepertelune. Manut bae karo wong tua.

Nang plong kulon plipiran kandang manuk deruk gemantung nang blandar. Kadang manuk deruk nek manggung swarane maen. Kuuuk deerruuuk kowaaak Kuuuk deerruuuk kowaaak Kuuuk deerruuuk kowaaak…

Krosaaaak….. ana swara krosak kewan mlebu blumbang. Mlebu banyu terus nglangi…. Ya. Swara sero. Kaya yay aa a. sapa sing tau krungu swara sero mlebu blumbang. Manganic iwak grameh apa jaher sing diingu. Angger entek jere dipangan sero.

Ya kuwe laku takdire menungsa. Keluarga kuwe kaya dene blumbang isi iwak ingon. Mbuh jaer, lele, nila, grameh. Nek wis dipangan sero ya entek. Kosong blumbange. Semana uga uripe menungsa. Malekat pati kaya dene sero sero sing mangan iwak. Teka kaya dewekan apa maning nek rombongan sero. Ludes iwak seblumbang.

 

Semarang. 2 September 2021

 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar