Selasa, 16 November 2021

Eman Sinom Nyamat.

 



Mangsa kewolu, biasane nek mangsa kewolu meh mlebu nang mangsa kesanga, udan saben dina langka mandegge. Senajan udan kaya gerimis alus ning awet. Nek wis kaya kuwe, pawongan lewih seneng ndekem nangumah. Nunggoni pawon apa nyikep dhengkul.
Kawit wektu pesthine mlethekke srengenge, nganti antarane srengene kudune wis nang pucuk wit krambil, mendung lamuk-lamuk nang nduwur sasat nutupi jagad. Ireng klawu wernane mendung, marakna wong wing pada bebeh metu, mending nyambut gawe nangumah. Apa sing bias dicekel, kareben ora kademen ora kudanen.

Apa angger arep lelunga, ya ngetung nek nang tengah ndalan mengko bress udan deres. Kudu nggawa menthol utawane jas hujan. Payung-payung sing amba utawa nggawa tudhung. Bebeh repot, mending ngesuk maning lungane nek pancen ora ana perlu.
Ya kuwe Sardi Blenthot, esuk-esuk milih nangumah, medang karo ngopi. Sandingane rawunan budin. Udud rokok jarum coklat karo lintingan mbako nggarung. Kayane esih akeh kae mbakone. Nembe ditukokna karo anake lanang.
Nang toples ana sriping gedang, lanthing angka wolu, keron sing digoreng, dibumboni masako. Karag lewiyan berkat slametan sing wis dinget. Ana uda gedang rawunan. Gedang iplik cilik-cilik, dirawun mbuh kaya apa rasane. Kabeh dadi geneppe lan akehe pacitan sing nang meja diadep nang Kaki Sardi Blenthot.
Wedang ya ana telung werna ujarku kae, ana wedang clubuk, wedang teh, karo nang teko kae wedang bening. Termos sing duwure kacek ana segelas dawane, jejer karo tremos. Isine wedang panas sing nembe di thori. Kebek.
Nang pinggir tremos werna abang genah kae mendon esih anget. Nembe di sab. Dadi wingi ketone goleh gawe mendon kakehen dadi ora ntek dipangan sedina, daripada mambu terus di sab. Mendon sab-saban wernane beda karo mendon nembe digoreng sepisan. Mandan semu coklat. Nek goleh ngesab kesuwen malah dadi renyah. Wernane dadi coklat-coklat abang.
Gelas sing nggo gawe wedang teh, gelas gede. Ana tulisane Pasukan Pengamanan Presiden, angka tahun sing nempel wera kuning pira kae, 1990. Ya kuwe jebul gelas hadiah nalika lilike esih dadi Paspampres tahun 1990. Melu lomba mlayu marathon. Hadiah gelas gedhe gede.
Ana maning gelas beling gede, kae jere hadiah ganu agi Kaki sardi Blenthot melu lomba agustusan. Jere ulih dorpres. Alhamdulillah.
Swara gending Banyumasan keprungu, seru. Genah kae gending banyumasan. Wong kit cilik aku sering krungu.
Pancen wis dadi padatan, nek esuk, karo semek, apa rampung sarapan, udud njagong nang risban sing nang plipiran ngarep, karo ngrungokna gending. Jegang nyamleng pisan.
Esuk kuwe adem anyes. Udan ngremun kit mau. Presasat ngumpetna panase srengenge. Kaya-kaya srengenge bebeh aweh panas. Apa anu merga udan kuwe panase srengenge karo cahyane ora tekan latar ngarep umahe Kaki Sardi Blenthot.
Manuk gethilang sing sedina-dina nang kandang sing di gantholna nang emper, keton njekuthur kademen mbok. Kayane tah iya. Nyatane pancen adem.
Dara sing biasane bekur, siki ora keton. Pada ora metu kendang. Bekur nang njero kendang. Ya dara ding digawa kan Kendal, umure dara wis lewih nek sekang sewindu. Esih bergas. Urip bebas nang kendang sing digawe nang plipiran kulon ngumah. Wis anak-anak akeh. Dasare pancen dara di liarna dadine ya akeh anake. Sing dadi. Sebab kadang ngendog, endoge dipangan tikus. Ndilalah.
Nek diitung genep ana rolas darane. Akeh, nek agi mabur bareng kayong nyenengna. Apa maning nek dipakani. Kemruyuk rame. Jan maen pisan.
Manuk gethilang gulu kuning ngoceh bae. Nyenenggna pisan. Saur-sauran karo swara wedus mbak mbek. Ya wedus sing wingi nembe tuku antarane telung wulan, wis aweh rejeki rupa anak. Mau antarane jam siji tengah wengi. Bali sekang latian karawitan. Kaki sardi Blenthot terus ngurusi laire cempe.
Alhamdulillah ulih cempe loro, sepasang lanang wadon. Bakal duwe bandhot. Cempe sing nembe blajar mlaku. Angger mlaku oyog-oyogen nggoleti susune winihe. Angger nemu terus nyundal-nyundul. Rebutan karo sijine. Nek dideleng kayong dadi bebungah tumrape Sardi Blenthot sing pancen wis suwe tani lugu, karo ingu-ingu wedus.
Rampung nggone nyapu jogan. Nimpalan karo sapu wis didelah nang nggon sing biasane nggo delah. Wisuh terus nyekel mendon karo nglirihna swara salon. Ya mau diserokna merga nyapu nang njaba, mene krungu. Siki bareng njagong nang risban njero. Mene ora pengeng dadi swarane kudu di lirihna.
Mbbbeeeee…… swara cempe. Uh ketone, cempe kae ketindihan winihe. Dadi cempe kae njawanea ya nggembor nggembor. Bareng ditiliki pencen bener sikile ketindihan winihe. Bareng weruh srabate sardi blenthot, mbok wedus mau terus tangi. Dadi cempe bisa ngadeg, terus nggoleti susune. Bareng ketemu terus dinyot. Anteng.
Kaki Blenthot njukut godong maoni nom sing di grethel nggo pangane wedus. Terus didelah nang nggon pakan. Mbok wedus gagean bae mangan. Wedus loro sing nang jejer kendang ya melu mangan. Kaki Blenthot nyawang ingon-ingone sing siki ana lima. Senajan sing loro esih cempe.
Swara Gending nang salon najan ora seru kaya mau, keprungu. Uni-unine kaya kie antarane.
Nuladha laku utama
Tumrape wong tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senopati
Kapati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapabrata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyasing sasama
Umpamane di kon ngartikena, genah bae kaki Sardi Blenthot wis apal. Sebab kawit nom-noman nganti siki wis umur 65 saben saben mesti nembang kie. Tembang Sinom. kelebu tembang macapat.
Nyontoha tumindak kang becik
Kanggone wong Jawa
Wong luhur saka Mataram
Panembahan Senopati
Tumemen anggone ngudi
Nyuda hawa lan nepsu
Kanthi cara prihatin
Prihatin ing siang lan wengi
Tansah makaryo gawe tentreme sapadha-padha
Ya kuwe, gending Sinom sing dadi bawa. Terus ungel-le gending kae nek ora kliru kae JIneman Pangkur Retno Asmara. Sing nembang grup saking Karangayar, Sangga Buana.
Njagong karo mbenerna goleh blebedan sarung. Udud, gesan sing kudu dicus maning sebab miki didelah klalen dicuncek. Jebul esih dawa.
...
Mbah ayuh badminton mbah……
Keprungu swara putu lanang nyengi Sardi Blenthot dolanan badminton. Nang latar kidul sanding langar anyar sing antarane nembe setahun kie ngadeg dienggo jamaah.
Salam Sungkem Bapak.
Kyai Suwung
Semarang 16 Nopember 2021
Selasa Legi 10 Robiul Awal 1443 H.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar